Sury

Buruh pabrik PT Sai Apparel Industries Semarang adalah profesiku sebelumnya, dan sekarang menjadi pendidik hanyalah suatu kebetulan, mungkin karma dari aya...

Selengkapnya
Navigasi Web
Klenger Tugas
Tugase wakih

Klenger Tugas

Jebul yo bener ngendikane Pak Gubernur Ganjar Pranawa, yen akeh bocah sing sambat ngaluara tugas sekolahe. Akeh wong tuo sing bengok-bengok amarga disambat lare. Wes didangu Pak Gubernur sing wigati banget karo wargane iki, yen maringi tugas bocah aja akeh-akeh. Njur malah pada mblenger. Jian payah. Pada gurune aku irib-iriben dewe ndeloki tugas e anake kanca. Nemen. Sedina dikongkon nggarap soal pirang-pirang lembar, dumeh soale kari ndudohke ning LKS. Biyuh... Nulis huruf jawa sampe 3 lembar opo tumon. Kui sedinane. Dina liyane ganti maneh. Yen ngunu kahanane bocah yo klenger, tur ora iso kagiyatan liyane. Kapan bisa biantu rama ibune, kapan isa gladen resik-resik lan liya-liyane.

Para kadang guru, sumangga dipun penggalih, evaluasi malih anggenipun paring tugas dumateng lare-lare supados mboten wonten ingkang sambat malih. Saumpami saget, dipun paringi tugas ingkang migunani dumateng pretikelan kemawon. Gladen soal sak cekapipun, ugi tugas-tugas ingkang bebingah. Sampun sakmestinipun kula panjenengan sami midangetaken tiyang sepahipun lare ingkang sami ngudarasa awit kahanan menika. Sedaya sami prihatin wontenipun pademi niki, mboten wicaksana bilih dipun tambahi kasusahan malih.

Mekaten anggen kawula matur, kathah kekirangan nyuwun agenging pangaksami.

Pangapunten..🙏🙏

#mencoba bahasa daerah sendiri(ngoko-krama)

DISCLAIMER
Konten pada website ini merupakan konten yang di tulis oleh user. Tanggung jawab isi adalah sepenuhnya oleh user/penulis. Pihak pengelola web tidak memiliki tanggung jawab apapun atas hal hal yang dapat ditimbulkan dari penerbitan artikel di website ini, namun setiap orang bisa mengirimkan surat aduan yang akan ditindak lanjuti oleh pengelola sebaik mungkin. Pengelola website berhak untuk membatalkan penayangan artikel, penghapusan artikel hingga penonaktifan akun penulis bila terdapat konten yang tidak seharusnya ditayangkan di web ini.

Laporkan Penyalahgunaan

Komentar

Kula menawi maringi tugas gampil, kok. Namung nonton video wonten youtube. Thok. Niku mpun sinau malah saged kaliyan jogedan. hahaha.

06 Apr
Balas

Njih Bunda, pitados....

06 Apr

Mumet ya bu

06 Apr
Balas

Injih

06 Apr



search

New Post